Wonten ing pagelaran ringgit purwo, goro-goro mesthi kababar ngancik pathet 9. Ki dhalang nyandra, "Goro-goro mawi tondho lindu sadinten kaping pitu, jawah salah mongso, kathah gunung njeblug jurang jugrug wor lisus pindha kagiri-giri. Goro-goro sumundhul ing ngantariksa damel gegeripun widadara lan widadari, poro dewo lan hapsari ingkang ngungsi dateng sang hyang odipati. Gerbang selamanangkep badhe jebol-jebolo. Bale macukundha pelenggahane Sang Girinata goncang.
Goro-goro meniko dumados amargi kathah trah witaradya nandhang sungkowo, ngraosaken kawontenanipun jagad. Goro-goro dumados amargi jagad saweg ketaman kalabendu. Kados ujaripun R. Ng. Ronggowarsito ing serat Kalatidha: "Mangkya darajating praja, Kawuryan wus sonya ruri, Rurah pengrehing ukoro, Karana tanpo palupi, Ponang parameng kawi, Kawileting tyas malatkung, Kongas kasudroniro tandhaning dumadi, Ardayengrat dening koroban rubedo".
Mboten bedo kaliyan kawontenan negari kito: Saweg kecalan drajad, kecalan jati dhiri. Kathah narapraja mboten sung tulodho, malah dados dalanging gendro.
Goro-goro mahanani pasar ilang kumandhange, wong wadon ilang wirange, wong lanang ilang kaprawirane. Amargi goro-goro kito kecalan kapitadosan. Mboten wonten tanggel jawab, milo reformasi soyo ndadi ! Eman, reformasi soyo ndadi, wonten pitakenan, "BADHE WANGSUL DATHENG WUJUD (RE-FORMASI) MENOPO ? Wangsul jaman Majapahit, Demak Bintoro, Mataram Islam, Jaman Walandi utawi Jepang, menopo wangsul republik jaman Soekarno utawi Soeharto ?
Para paraga reformasi mboten saget asung pawangsulan, sagetipun namung indho. Milo reformasi lajeng soyo ndodro, mboten gadhah suh lan pandum ingkang mahani negari tebih saking karaharjan.
Goro-goro soyo ndodro,ingkang kebak malah demonstrasi, rebut kursi, rebut gengsi, rebut rejeki.
Goro-goro soyo ndadi, nanging Ki Ronggowarsito paring pepeling: "Begja-begjane kang lali, luwih bejo wong eling lawan waspodo".